CARIYOS RAMAYANA

Cariyos ramayana menika isinipun nyariosaken perang ageng antawisipun Rama Wijaya kaliyan Dasamuka, amargi rebutan garwa. Cariyos ramayana boten dipunmangertosi sinten ingkang nganggit (anonim). Paraga utama ing cariyos ramayana inggih punika:

1. Prabu Rama Wijaya

2. Prabu Dasamuka

3. Dewi Shinta

4. Anoman

Cariyos ramayana menika kaperang dados enem kanda, yaiku:

1. Balakanda

2. Ayodyakanda

3. Aranyakakanda (warakanda)

4. Kiskendha kanda

5. Sudarakanda

6. Yudhakanda

Ringkesaning cariyos miturut peranganipun kanda, inggih punika:

1. Balakanda

Balakanda inggih menika nyariosaken prabu Rama lan adhi-adhinipun uruhita utawa suwiti sekolah wonten ing pangginanipun begawan Wasesta. Wonten ing mriku Rama lan adhi-adhinipun wulang babagan olah ridaning kaprajuritan lan pamarentahan.

2. Ayodyakanda

Ayodyakanda inggih menika nyariosaken sasampunipun mumpuni (pinter) piyambakipun dipuntimbali begawan yugiswara lan begawan mitra supados wangsul dhateng Ayodya amargi wonten reresah wadya balanipun Dasamuka.

3. Aranyakakanda (warakanda)

Aranyakakanda (warakanda) isinipun nyariosaken Rama lan Shinta dipuntindhung saking Ayodya, dipundherekaken kaliyan adhinipun inggih punika Lesmana. Wonten ing wana Dewi Shinta dipuncolong kaliyan Dasamuka (Rahwana) lan Rama kepanggeh kaliyan Jatayu. Dewi Shinta ingkang dipuncolong dening Dasamuka banjur kabekta dhateng Alengka.

4. Kiskendha kanda

Kiskendha kanda isinipun nyariosaken Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan Subali ingkang banjur dipunsirnakaken supados Sugriwa gelem ngrewangi perang lawan Dasamuka. Sasampunipun Subali musna, Sugriwa dipunwisuda dados rajanipun para kapi (ketek/wanara). Banjur Anoman dados duta (utusan supados madosi Shinta ing Alengka.

5. Sundarakanda

Sundarakanda isinipun nyariosaken persiapan perang, didal saking redi maliyawan lajeng/ lereng wonten ing redi mahendra. Sundarakanda menika ugi kawastanan nyariosaken Rama tambak, sasampunipun nambak Rama lajeng menggen ing redi sundara ngantos sawatawis kangge nata gelaring perang.

6. Yudhakanda

Yudhakanda isinipun nyariosaken kawontenanipun perang ngantos sirnanipun Dasamuka. Ugi nyariosaken Shinta obong kangge mbuktiaken kasucianipun.Shinta pangajak wangsul dhateng negari ayodya lan Rama Wijaya kawisuda dados Raja Ayodya.

saking saanane sumber

GAYA BAHASA UTAWI LELEWANING BASA

                      Gaya bahasa (lelewaning basa) ateges cara-carane manungsa minggunakake basa, amrih gampang ditampa lan kepenak dirungu. Ingkang kalebu gaya bahasa inggih punika:

1. Sinonim

Sinonim inggih punika tembung ingkang sami tegesipun dene paedahipun supados boten mungsal mangsuli tembung ingkang sami (tidak berulang-ulang menggunakan bahasa yang sama) ingkang murukaken bosen ingkang sami maos malih saged kangge pepasren ukara dados endah, umpaminipun:

a. Sesawangan ing peninging gunung katon endah, edi-peni, purwakanthi sastra.

b. Dasamuka rau Alengka iku ora pantes badi tepa-palupi (purwakanthi sastra).

Tuladha tembung sinonim:

mitra = kanca

gagah = prakasa

becik = apik

cuwa = gela

keduwung = getun

dongeng = crita

juru = tukang

luwe = ngeleh

macak = dandan

mempeng = sengkut

2. Asimilasi

Asimilasi inggih punika luluhing swara utawi gorba, umpaminipun

jayeng (jaya + ing)

narpati (nara + pati)

mahasri (maha + asri)

prapteng (prapta + ing)

3. Metafora

Metafora inggih punika ugel-ugelipun mawi pepindahan (diumpamakake), limrahipun ingkang kapendhet sipatipun ingkang kangge pepindhan wau, umpaminipun:

a. Angluberna samodraning pangaksami.

b. Arjuna punika lelancuring jagad.

c. R. Setyaki sapukawating praja Dwarawati.

d. Rr. Sumi dadi kembang ing desa Gondosari.

4. Alegori

Alegori inggih punika metafora ingkang dipunjlentrehaken ngangge ukara kang radi panjang lan ugi saged lambang, umpaminipun:

a. Gesang manungsa punika palwa umpaminipun, dipunombang-ambingaken  alun ing samudra, katempuhnipun tuwin boten waspada, saged kalempun baita utawa sumyur ing padrus karang jawa.

b. Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah, manawi kadamel alegori makate sapu yen disuhi gebangane kuwatane nggumunake. Nanging yen diudhari sarta sadane wis manut gampang banget coklek-coklekane ingkang lambing, umpaminipun:

–      Lintang : pangabekti mring gusti allah

–      Rente : keadilan sosial

–      Rambu-rambu lalulintas lsp.

5. Personifikasi

Personifikasi inggih punika sami kaliyan pepindhan janma jawa, tuladhanipun:

a. Sumpahe sineksenan bumi langit

b. Begawan solo lampahipun manger, menggak-menggok marang parenden.

c. Gunung Merapi yen gelem watuk ngegirisi.

6. Metonimia

Metonimia punika linta-lintunipun nami, umpaminipun:

a. Le, aku tulung tukokna jarum (merk rokok) isi rolas.

b. Remenipun ngunjuk fanta (unjukan numan).

c. Wingi ana Ramayana (bis Ramayana) tubrukan kaliyan Arjuna (bis Arjuna).

7. Hiperbola

Hiperbola punika ugel-ugelan mawi pepindhan ingkang keladuk, umpaminipun:

a. Swarane kaya mbelahna bumi.

b. Ngendikane sora kaya bledeg.

c. Lakune kaya kilat.

8. Ironi

Ironi inggih menika nyariosaken kosok wangsulipun minangka pangece, umpaminipun:

a. Loma banget sliramu, sedulurmu kesusahen kok saksen bae ora.

b. Sregep tenan, angger jam 11 lagi wae ngantor.

9. Antitese

Antitese inggih unenunen kang awujud mawa surasane kosok balen, umpaminipun:

a. Rina wengi anggenku ndongake kowe.

b. Gedhe cilike kowe kuwi ya kaya ngono ta!

c. Enom tuwo padha nonton, layar tancep ana desa kae.

10. Euphesisme

Euphesisme inggih punika unen-unen kang surasa basane luwih alus (tembung rinengga), umpaminipun:

a. mati                       = murud ing kasadean jati/ tilar donya.

b. dadi manten          = nambut silaning akrami.

11. Anamatope

Anamatope inggih punika tembung kang mratelake jeneng metu saka uni utawa swarane. Tuladha:

a. Bedhug saka swara dhug-dhug.

b. Emprit saka swara prit-prit.

c. Kenthongan saka swara thong-thong.

12. Epitesis

Epitesis inggih punika wuwuhing aksara ing sjroning tembung. Tuladha:

a. Amarta → Ngamarta

b. Yogya → Ngayogya

c. Setyaki → Sencaki

d. Sikandhi → Srikandhi

13. Metamefesis

Metamefesis inggih punika linta-lintunipun panggonaning aksara ing tembung. Tukadha:

a. arca = reca

b. ardi = redi

c. almari =lemari

d. raksasa = raksasa

14. Klimaks

Klimaks inggih punika saya dangu saya sanget saya hebat, umpaminipun:

a. Ora usah adhimu, kakangmu, sak bapakmu pisan aku ora wedi.

b. Aja kok sing lara, mati dak ujudi.

15. Anti Klimaks

Anti Klimaks inggih punika dhapukaning tembung kang mratelake saya suwe ora saya banget. Tuladha:

a. Apa maneh satus, sepuluh, serupiah, sasen bae aku ora duwe.

b. Sawane omahe, nganti tekan sandhangan entek amarga kalah maen.

kapethik saka bahasa jawa SMA

PARIKAN 2

Parikan inggih menika unen-unen utawi ukara ingkang ngadhahi paugeran utawi pathokan. Paugeranipun inggih menika:

a. Menawi parikan menika dumados saking 2 gatra utawi 2 larik, gatra nomer 1 wujudipun ukara limrah (biasa), gatra nomer 2 mujudaken isi utawi maksudipun parikan.

b. Menawi parikan menika dumados 4 gatra utawi 4 larik, gatra kaping 1 lan 2 wujudipun ukara lumrah (biasa), gatra kaping 3 lan 4 minangka isinipun utawi maksudipun parikan.

c. Sajakipun utawi purwakanthinipun

Gatra nomer 1 sami kaliyan gatra kaping 3, gatra kaping kalih sami kaliyan gatra kaping 4. Menawi ing bahasa Indonesia pantun menika bersajak a-b-a-b

Tuladha:

  • Parikan dumados saking 2 gatra

Tuku piting digawe trasi                → ukara biasa

Rambut kriting ora tau dikramasi → isi

Wulan suro ana bakul roti

Wong tuwo kudu dihormati

  • Parikan dumados saking 4 gatra

Ireng-ireng kathok kolor                → ukara biasa

Kathok kolor pencloki laler           → ukara biasa

Kathok ireng wujude kombor        → isi

Sebab iku nggo wadah lemper       → isi

Purwakanthinipun a-b-a-b

 

Sapi nggawe ribut

Nabrak wong lagi sujud

Sapa sing ngebut

Mesthi bakalan benjud

kapethik saka bahasa jawa SMA

SANDIWARA

Pengertian Sandiwara

Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya.

Unsur Intrinsik Sandiwara

Unsur-unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara yaiku:

a.   Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.

b.   Purusa/Paraga (tokoh) lan watake

–      Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.

–      Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama.

–      Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.

c.   Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.

d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.

e. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan majas.

Unsur Ekstrinsik Sandiwara

Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging unsur samenika gadahi pengaruh ing sistem organisme karya sastra.

Wujude Sandiwara

–      Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi salah bawa.

–      Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten musik  lan ekspresi saking rupane lakon.

–      Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane seneng-seneng.

–      Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras).

Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngoisor iki:

  1. Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga
  2. Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe
  3. Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan ancas pementasane.
  4. Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.

Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara:

  1. Gladen olah watak
  2. Gladen swara
  3. Gladen observasi lan imajinasi
  4. Gladen konsentrasi
  5. Gladen teknik pementasan
  6. Gladen sistem akting
  7. Nglancarake keprigelan lan gladen

kapethik saka bahasa jawa SMA

PAWARTA

PAWARTA

Pawarta bab prastawa kang nganggo korban asing kapacak ing layang kabar, majalah, utawa TV. Anan kang nalika padha plesiran ing gunung, numpak motor mabur tiba, numpak kapal karem lan liya-liyane. Ing ngisor iki ditulis papethikan tuladha pawarta.

TULADHA PAWARTA

Kepleset, Siswa SMP Tiwas

Evi 15 taun, salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4) antawis jam 10 tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi. Warga dusun Bagu kroderan, Grobogan punika dhawah ing wewengkon air terjun ingkan inggilipun 20 meter sasampunipun kepleset ing watu-watu ingkan wonten nginggil air terjun. Satemah piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan sirah lan badanipun.

Manut katrengan ingkang dipunklempakaken saking kepolisian kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipuntingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggaling kanca wanita ingkang wekdal mlangkah nyabrang kali sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas saknalika.

Kapethik saking kalawarti penjebar semangat

 

Panggung seni seribu bunga ing TBS

Kurang luwih 30 pepathan kesenian saka maneka warna tlatah ing jateng lan yogyakata sumadya ngramekake “Taman Budaya Jawa Tengah” utawa “Taman Budaya Surakarta” Solo ing adicara panggung seni seribu bunga kang kawiwitan dina setu (24/1) nganti tekan dina jemuah (30/1).

Adicara iku digelar dening dinas pendidikan kabudayan Provinsi Jawa Tengah kang ngemonah TBS Solo. Kabeh kesenian dening 30 pepanthan kesenian saka tlatah Jateng lan Yogyakarta bisa ditonton warga kanthi lelahan utawa gratis, miturut ketua Bidang pengembangan seni TBTT Solo. Pagelaran panggung seni 1000 bunga ancase bakal kagelar saben taun kawiwitan taun iki.

TEMBUNG ANGEL

–      wewengkon     : tlatah, kawasan

–      satemak           : akhire

–      kanyut              : katut

–      cocoran           : tempat/panggonan tibane air terjun

kapethik saka bahasa jawa SMA

WAWAN REMBUG

                             Wawan rembug inggih menika salah satunggaling cara kanggo mendhet keputusan ingkang ana ing satengahing kelompok utawi masyarakat kanthi cara medharaken pamanggihipun piyambak-piyambak. Paraga ingkang ana ing wawan rembug inggih punika moderatos, narasumber, notulen, lan anggota wawan rembug, tugase yaiku:

A. Tugase moderator

1. Miwiti wawan rembug lan mungkasi kanthi sae.

2. Mimpin wawan rembug kanthi sae.

3. Maosaken hasil saka wawan rembug.

B. Tugase narasumber

1. Medaraken pirembugan ing patengahe prastawa.

2. Ngelurusaken prastawa kanthi cetha tanpa tedeng aling-aling.

3. Nerangaken prastawa kanthi cekak aos.

C. Tugase notulen

1. Nulis hasilipun wawan rembug

2. Maos hasil ingkang sampun dipunrembug.

3. Nyerat pitakonan lan wangsulan ing tengahe wawan rembug.

kapethik saka bahasa jawa SMA

Sesorah

Tanggap wacana (sambutan) lan khotbah iku kalebi jinising sesorah utawa medharsabda. Mulane kuwi, syarat, tata cara lan metode kang kagunakake padha karo sesorah. Sing mbedakake among ancas utawa tujuwane. Medharsabda utawa sesorah nduweni tujuwan medharake isining adicara kanthi cetha wela-wela, terang trawaca; dene yen tanggap wacana kalebu jinising sesorah sing medharake atur panuwun lan sebab-sebab adicara kuwi diadani/dianakake. Gampange, tanggap wacana kuwi among nyambut lan ndherekake para panyarta tumuju ing babagan inti/wos kanga rep dirembug. Dene sesorah kuwiwis medharake babagan kang wos utawa inti.

Ing ngisor iki teori babagan sesorah.

A. Werdinipun Sesorah

Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.

Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen.

B. Jinising Sesorah

1. Sesorah kanthi cara apalan/memoriter

Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato.

2. Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip

Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.

3. Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu

Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.

4. Sesorah kanthi cara ekstemporan

Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.

C. Cengkorongan Sesorah

1. salam pambuka
2. atur puji syukur marang Pangeran
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhin)
6. panutuping atur/salam

Tanggap Wacana

1. Salam Pambuka
2. Purwaka basa ( atur kinurmatan, atur puja-puji, atur panuwun)
3. Surasa Basa
4. Dudutan (pangajeng-ajeng)
5. Wasana Basa
6. Salam Panutup

Surat Pribadi

1. Papan titimangsa
2. Adangiyah
3. Salam pambuka
4. Purwaka Basa (atur pamuji, kabar keslametan)
5. Surasa Basa
6. Wasana Basa
7. salam panutup
8. Prepenah (sopo sing gawe surat)
9. Tapak asma
10. Nama Terang

Macapat

– miturut kebudayaan jawi sekar macapat menika mujudake sastra jawi ingkang isinipun nggambaraken lampahipun gesang wiwit lahir dumugi pejah.

1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmaradana
5. Dhandanggula
6. Gambuh
7. Pangkur
8. Durma
9. Maskumambang
10. Megatruh
11. Pocung

saking http://wahyurilopambuka.blogspot.com/

Tradisi nyadran di kaliwungu kendal

 

Bagi masyarakat Jawa, kegiatan tahunan yang bernama nyadran atau sadranan merupakan ungkapan refleksi sosial-keagamaan. Hal ini dilakukan dalam rangka menziarahi makam para leluhur. Ritus ini dipahami sebagai bentuk pelestarian warisan tradisi dan budaya para nenek moyang. Nyadran dalam tradisi Jawa biasanya dilakukan pada bulan tertentu, seperti menjelang bulan Ramadhan, yaitu Sya’ban atau Ruwah.

Nyadran dengan ziarah kubur merupakan dua ekspresi kultural keagamaan yang memiliki kesamaan dalam ritus dan objeknya. Perbedaannya hanya terletak pada pelaksanaannya, di mana nyadran biasanya ditentukan waktunya oleh pihak yang memiliki otoritas di daerah, dan pelaksanaannya dilakukan secara kolektif.

Tradisi nyadran merupakan simbol adanya hubungan dengan para leluhur, sesama, dan Yang Mahakuasa atas segalanya. Nyadran merupakan sebuah pola ritual yang mencampurkan budaya lokal dan nilai-nilai Islam, sehingga sangat tampak adanya lokalitas yang masih kental islami.

Budaya masyarakat yang sudah melekat erat menjadikan masyarakat Jawa sangat menjunjung tinggi nilai-nilai luhur dari kebudayaan itu. Dengan demikian tidak mengherankan kalau pelaksanaan nyadran masih kental dengan budaya Hindhu-Buddha dan animisme yang diakulturasikan dengan nilai-nilai Islam oleh Wali Songo.

Secara sosio-kultural, implementasi dari ritus nyadran tidak hanya sebatas membersihkan makam-makam leluhur, selamatan (kenduri), membuat kue apem, kolak, dan ketan sebagai unsur sesaji sekaligus landasan ritual doa. Nyadran juga menjadi ajang silaturahmi keluarga dan sekaligus menjadi transformasi sosial, budaya, dan keagamaan.

Prosesi ritual nyadran biasanya dimulai dengan membuat kue apem, ketan, dan kolak. Adonan tiga jenis makanan dimasukkan ke dalam takir, yaitu tempat makanan terbuat dari daun pisang, di kanan kiri ditusuki lidi (biting). Kue-kue tersebut selain dipakai munjung/ater-ater (dibagi-bagikan) kepada sanak saudara yang lebih tua, juga menjadi ubarampe (pelengkap) kenduri. Tetangga dekat juga mendapatkan bagian dari kue-kue tadi. Hal itu dilakukan sebagai ungkapan solidaritas dan ungkapan kesalehan sosial kepada sesama.

Selesai melakukan pembersihan makam, masyarakat kampung menggelar kenduri yang berlokasi di sepanjang jalan menuju makam atau lahan kosong yang ada di sekitar makam leluhur (keluarga). Kenduri dimulai setelah ada bunyi kentongan yang ditabuh dengan kode dara muluk (berkepanjangan). Lalu seluruh keluarga dan anak-anak kecil serta remaja hadir dalam acara kenduri itu.

Tiap keluarga biasanya akan membawa makanan sekadarnya, beragam jenis, lalu duduk bersama dalam keadaan bersila. Kemudian, kebayan desa membuka acara, isinya bermaksud untuk mengucapkan rasa syukur dan terima kasih kepada warga yang sudah bersedia menyediakan makanan, ambengan, dan lain-lain termasuk waktunya. Setelah itu, Mbah Kaum (ulama lokal) yang sudah dipilih menjadi rois, maju untuk memimpin doa yang isinya memohon maaf dan ampunan atau dosa para leluhur atau pribadi mereka kepada Tuhan Yang Mahakuasa.

Doanya menggunakan tata cara agama Islam, warga dan anak-anak mengamini. Suasana ceria anak-anak tergambar dengan semangat melafalkan amin sambil berteriak. Selesai berdoa, semua yang hadir mencicipi makanan yang digelar.

Pada saat itu ada yang tukar-menukar kue, ada yang asyik ngobrol dengan kanan-kiri, maklum beberapa warga pulang dari perantauan hadir dalam kenduri. Biasanya Mbah Kaum diberi uang wajib dan makanan secukupnya, sedangkan yang tak hadir atau si miskin diberi gandhulan, nasi, kue yang dikemas khusus kemudian diantar ke rumah yang sudah disepakati diberi gandhulan.

Dari tata cara tersebut, jelas nyadran tidak sekadar ziarah ke makam leluhur, tetapi juga ada nilai-nilai sosial budaya, seperti budaya gotongroyong, guyub, pengorbanan, ekonomi. Bahkan, seusai nyadran ada warga yang mengajak saudara di desa ikut merantau dan bekerja di kota-kota besar.

Di sini ada hubungan kekerabatan, kebersamaan, kasih sayang di antara warga atau anggota trah. Di samping itu, semakin jelas adanya nilai transformasi budaya dan tradisi dari yang tua kepada yang muda.

Mengenai pola keberagamaan yang ada di Jawa, C Geertz (1981) melalui penelitiannya di Mojokerto menghasilkan sebuah konsep keberagamaan masyarakat yang bersifat abangan, santri, dan priayi. Ketiganya merupakan akumulasi dari hasil akulturasi budaya lokal masyarakat, Hidhu-Buddha dengan nilai-nilai Islam. Pola interaksi antara budaya lokal dan nilai Islam menjadikan Islam warna-warni.

Nyadran merupakan ekspresi dan ungkapan kesalehan sosial masyarakat di mana rasa gotong- royong, solidaritas, dan kebersamaan menjadi pola utama dari tradisi ini. Ungkapan ini pada akhirnya akan menghasilkan sebuah tata hubungan vertikal-horizontal yang lebih intim. Dalam konteks ini, maka nyadran akan dapat meningkatkan pola hubungan dengan Tuhan dan masyarakat (sosial), sehingga akhirnya akan meningkatkan pengembangan kebudayaan dan tradisi yang sudah berkembang menjadi lebih lestari.

Dalam konteks sosial dan budaya, nyadran dapat dijadikan sebagai wahana dan medium perekat sosial, sarana membangun jati diri bangsa, rasa kebangsaan dan nasionalisme (Gatot Marsono). Dalam prosesi ritual atau tradisi nyadran kita akan berkumpul bersama tanpa ada sekat-sekat dalam kelas sosial dan status sosial, tanpa ada perbedaan agama dan keyakinan, golongan ataupun partai.

Nyadran menjadi ajang untuk berbaur dengan masyarakat, saling mengasihi, saling menyayangi satu sama lain. Nuansa kedamaian, humanitas dan familiar sangat kental terasa. Apabila nyadran ditingkatkan kualitas jalinan sosialnya, rasanya Indonesia ini menjadi benar-benar rukun, ayom-ayem, dan tenteram.

Nyadran dalam konteks Indonesia saat ini telah menjelma sebagai refleksi, wisata rohani kelompok masyarakat di tengah kesibukan sehari-hari. Masyarakat, yang disibukkan dengan aktivitas kerja yang banyak menyedot tenaga sekaligus (terkadang) sampai mengabaikan religiusitas, melalui nyadran, seakan tersentak kesadaran hati nuraninya untuk kembali bersentuhan dan bercengkrama dengan nilai-nilai agama: Tuhan.

 

kapethik saking saakehing sumber

Maca Warta

Maca Warta

            Maca kanggo wong akeh beda karo maca kanggo awake dhewe, apa maneh macakake warta kaya dene penyiar berita. Pamacane kudu cetha pamrih gampang dimangerteni dening pamiyarsa. Supaya pamacane warta bisa cetha kita perlu migatekake:

Vokal   : vikal gegayutan karo lafal kang kita ucapake. Pamacane aksara-aksara kudu cetha, yen “a” lambene          kudu mangap, menawa “i” lambene kudu mringis, menawa “o” kudu nyoro, lan sapanunggalane.

Jedha  : pamungele tembung ana ingsatengahing ukara. Jedha iki penting kanggo nguduhake makna sing trep. Manggonake jedha kang ora trep bisa gawe teges sawijining ukara beda. Tuladha:

  • Asmane guru Basa Jawa kula/Bu Martanti. (panggonane jedha bener, saengga maknane cetha)
  • Asmane/ guru Basa Jawa kula/Bu Martanti. (jedha luput saengga ukara dadi ora cetha)
  • Asmane guru/Basa Jawa/ kula Martanti. (jedha luput saengga tegese ukara ora dadi cetha)

Nada  : munggah-mudhuning swara nalika maca.

Tekanan  : menehi panekanan marang sawijining  tembung kanggo nguduhake tegese ukara kanthi cetha. Tekanan ana sambung rapete karo dialek dhaerah. Tuladha: padha-padha basa jawane, tekanan antaraning dialek wong Jawa Timuran karo dhaerah Yogya lan Solo beda. Dialek basa jawa ing dhaerah Jawa Tengah kayadene Yogya lan Solo dirasa luwih alus amarga pawehe tekanan luwih alus tinimbang wong Jawa Timuran.

Intonasi   : perpaduan antaraning nada, jedha, lan tekanan. Maca kanthi intonasi kang trep gawe katrangan utawa informasi kang kita wacakake gampang ditangkep lan dimangerteni dening wong liya.

kapethik saka basa jawa Kelas XI SMA

Cangkriman

                            Cangkriman= batangan= badhean. Tegese tetembungan sing kudu dibatang kekarepane, amarga tetembungan  mau nduweni teges ora sabenere. Dadi cangkriman iku ukara utawa  tetembungan kang ana batange. Pangikete milih tembung utawa ukara kang  kena kanggo nyamun bakal batangane.

Warnane cangkriman:

Cangkriman wancah

1. Pakboletus = tapak kebo lele satus

2. Seng watyu = seng kawat payu

3. Pindhang keeling =  sai ing kandhang kaki mentheleng

4. Lungwan swe tanpa sugwan = lungguhan suwe tanpa suguhan

5. Pak lawa = tepak ula dawa

6. Pak kenthik = tepak teken sethithik

7. Surlen pe dheg wer-weran = susur teles dipepe nang gedheg  jewer-jeweran

Cangkriman pepindhan (irib-iriban)

1. Sega sakepel dirubung tinggi = salak

2. Pitik walik saba meja = sulak

3. Pitik walik saba kebon = nanas

4. Gajah nguntal sangkrah = pawon

5. Kebo bule cancang merang = buntil

6. Anake gelungan ibune ngrembyang = pakis

7. Anake diidak-idak ibune dielus-elus = andha

Cangkriman tembang

Pocung

Bapak pocung rupane saengga gunung,

Tan ana kang tresna,

Kabeh uwong mesthi sengit,

Yen kanggonan dielus-elus tinangisan.

Cangkriman blenderan

1. Bumi winalik cekelane apa?

Batangane = wluku

2. Gedhang nunggang kupu

Batangane = raja nunggang gajah

3. Bok Siyah matine ketiban apa?

Batangane = uleg-uleg (muthu)

4. Wong dodol bakal (kain) ing pasar klewer digantungi.

5. Wong dodol klapa ing pasar dikepruki.

6. Wong dodol mbako diambungi.

 

kapethik saka  seneng bahasa jawa Kelas VIII SMP